Rabu, 13 April 2011

pesan untuk para istri


Banjure pangandika kiyai Kalamwadi kaya ing ngisor iki. Tanganmu
kiwa iku wis anggawa têgês dhewe, lan wis dadi piwulang kang bêcik
lan nyata, kang anuduhake yen ragamu iku wujude kiwa, mung hawa
kang katon. Têmbung ki: iku têgêse iki, wa: têgêse wêwadhah, ragamu
iku di’ibaratake prau, prau dadi ‘ibarate wong wadon, wong têgêse
ngêlowong, wadon têgêse mung dadi wadhah, dene isine mung têlung
prakara, iya iku: “kar-ri-cis”. Yen prau wis isi têlung prakara iku,
wong wadon wis kêcukup butuhe, dadi ora goreh atine. Dene têgêse
kar-ri-cis iku mangkene.
1. Kar, têgêse dakar, iya iku yen wong lanang wis bisa nêtêpi
lanange, mêsthi wong wadon atine marêm, wusanane dadi nêmu
slamêt ênggone jêjêdhowan.
2. Ri, têgêse pari, iya iku kang minangka pangane wong wadon, yen
wong lanang wis bisa nyukupi pangane, mêsthi wong wadon bisa
têntrêm ora goreh.
3. Cis, têgêse picis, utawa dhuwit, ya iku yen wong lanang wis bisa
aweh dhuwit kang nyukupi, mêsthi wong wadon bisa têntrêm,
tak baleni maneh, cis têgêse bisa goreh atine.
Kosok baline yen wong lanang ora bisa aweh momotan têlung
prakara mau, wong wadon bisa goreh atine.
Tangan têngên têgêse etungên panggawemu, sabên dina sudiya,
sanggup dadi kongkonan, wong wadon wis dadi wajibe ngrewangi kang
lanang anggone golek sandhang pangan.
Bau têgêse kanthi, gênahe wong wadon iku dadi kanthine wong
lanang, tumrap nindakake samubarang kang prêlu.
Sikut têgêse singkurên sakehing panggawe kang luput.
Ugêl-ugêl têgêse sanadyan tukar padu, nanging yen isih padha
trêsnane iya ora bisa pêdhot.
Epek-epek têgêse ngêpek-ngêpek jênênge kang lanang, awit wong
wadon iku yen wis laki, jênênge banjur melu jênênge kang lanang. Iya
iku kang diarani warangka manjing curiga, warangkane wanita,
curigane jênênge wong lanang.
Rajah (ing epek-epek) têgêse wong wadon iku panganggêpe marang
guru-lakine dikaya dene panganggêpe marang raja.
Driji têgêse drêjêg utawa pagêr, iya iku idêrana jiwamu nganggo
pagêr kautaman, wanita iku kudu andarbeni ambêk kang utama, dene
driji kabeh mau ana têgêse dhewe-dhewe.
Jêmpol têgêse êmpol, yen wanita dikarsakake dening priyane, iku
kang gampang gêtas rênyah kaya dene êmpoling klapa.
Driji panuduh têgêse wanita nglakonana apa sapituduhe kang priya.
Driji panunggul, têgêse wanita wajib ngunggulake marang priyane,
supaya nyupangati bêcik.
Driji manis, têgêse wanita kudu duwe pasêmon utawa polatan kang
manis, wicarane kudu kang manis lan prasaja.
Jênthik, têgêse wong wadon iku panguwasane mung sapara limane
wong lanang, mula kudu sêtya tuhu marang priyane.
Kuku têgêse ênggone rumêksa marang wadi, paribasane aja nganti
kêndho tapihe.
Mungguh pikikuhe wong jêjodhowan iku, wanita kudu sêtya marang
lakine sarta nglakoni patang prakara, iya iku: pawon, paturon,
pangrêksa, apa dene kudu nyingkiri padudon.
Wong jêjodhowan yen wis nêtêpi kaya piwulang iki, mêsthi bisa
slamêt sarta akeh têntrême.
Kiyai Kalamwadi banjur paring pangandika maneh, dene kang
dipangandikakake bab pikukuhe wong jêjodhowan. Saka pangandikane
kiyai Kalamwadi, wong jêjodhowan iku pikukuhe kudu duwe ati eling,
aja nganti tumindak kang ora bênêr. Mungguh pikukuhe wong laki-rabi
iku, dudu dunya lan dudu rupa, pikukuhe mung ati eling. Wong
jêjodhowan, yen gampang luwih gampang, nanging yen angel, angele
ngluwihi. Wong jêjodhowan itu luput pisan kêna pisan, yen wis luput,
ora kêna tinambak ing rajabrana lan rupa. Wanita kudu tansah eling
yen winêngku ing priya, yen nganti ora eling, lupute banjur ngambra-
ambra, amargi yen wanita nganti cidra, iku ugi ngilangake Pangerane
wong jêjodhowan, dene kang diarani cidra iku ora mung jina bae,
nanging samubarang kang ora prasaja iya diarani cidra, mula wanita
kudu prasaja lair batine, amarga yen ora mangkono bakal nandhang
dosa rong prakara, kang sapisan dosa marang kang lanang, kapindhone
dosa marang Gusti Allah, kang mangkono iku mêsthi ora bisa nêmu
lêlakon kang kapenak.
Mula ati, kudu tansah eling, amarga tumindaking badan mung manut
karêping ati, awit ati iku dadi ratuning badan. Wong jêjodhowan
di’ibaratake prau kang gêdhe, lakuning prau manut satang lan
kêmudhine, sanadyan satange bênêr, yen kêmudhine salah, prau ora
bêcik lakune. Wong lanang iku lakuning satang, dene kang wadon
ngêmudheni, sanadyan bêcik ênggone ngêmudheni, nanging yen kang
nyatang ora bênêr, lakune prau iya ora bisa jêjêg, sarta bisa têkan
kang disêdya, amarga kang padha nglakokake padha karêpe, dadi
têgêse, wong jêjodhowan, kudu padha karêpe, mula kudu rukun, rukun
iku gawe karaharjan sarta mahanani katêntrêman, ora ngêmungake
wong jêjodhowan kang rukun bae, kang oleh katêntrêmaning ati,
sanadyan tangga têparone iya melu têntrêm, mula wong rukun iku
bêcik bangêt.
Kowe tak-pituturi, mungguh dalane kamulyan iku ana patang
prakara:
(1) Mulya saka jênêng.
(2) Mulya saka bandha.
(3) Mulya saka sugih ‘ilmu.
(4) Mulya saka kawignyan.
Kang diarani mulya saka jênêng, iku wong kang utama, bisa oleh
kabêgjan kang gêdhe, nanging kabêgjane mau ora mung kanggo awake
dhewe, kapenake uga kanggo wong akeh liyane. Dene kang mulya saka
ing bandha, lan mulya saka ênggone sugih ‘ilmu, lan mulya saka
kapintêran, iku ana ngêndi bae, iya akeh rêgane.
Mungguh dalane kasangsaran uga ana patang prakara:
(1) Rusaking ati, manusa iku yen pikire rusak, ragane mêsthi iya
melu rusak.
(2) Rusaking raga, iya iku wong lara.
(3) Rusaking jênêng, iya iku wong mlarat.
(4) Rusaking budi, iya iku wong bodho, cupêt budine, wong
bodho lumrahe gampang nêpsune.
Kang diarani tampa kanugrahing Gusti Allah, iya iku wong kang
sêgêr kawarasan sarta kacukupan, apa dene têntrêm atine.
Wong urip kang kêpengin bisaa dadi wong utama, duweya jênêng
kang bêcik, kanggo têtuladhan marang wong kang padha ditinggal ing
têmbene”.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar